Udin mertamu nang omahe mukidi disuguhi kopi.
Jarene mukidi kopine uenak tenan.... Udin
akhire nyruput kopi soale penasaran rasane...
Udin : "Iki kopi opo tho yo..kok rasane rodo kecut..?"
Mukidi : "Iku kopi istimewa, meh podo ambek kopi luwak sing larang regane iku."
Udin : "Ooo..ngono tho, kopi opo jenenge..?"
Mukidi : "Kopi Kucing, aku gae dewe.."
Udin : "Opo iyo, kok jenenge Kopi Kucing.?"
Mukidi: "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sak durunge diolah.
Yen kopi kucing iki dipangan kucing sak durunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak iku, tapi ben gampang aku gae kucing ae.."
Udin : "Kucing gelem mangan kopi tha,di?"
Mukidi: "Sa'jane yo ora, kopine tak gerus kasar, trus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing.
*Udin weteng'e wis mulai rodo mules.*
Udin : "Terus, piye proses'e di...?"
Mukidi : "Kopine kan metu bareng telek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah, terus dipepe sampek gariiiiiing, terus digiling maneh sampek alus..
Lha iki kebeneran awakmu sing pertama nyobak Kopi Kucing,
wong yo durung onok sing tak suguhi Kopi Kucing iki.
Aku dewe arep nyobak, kok yo ga kolu...
Piye rasane Kang Udin,..?"
Udin : " *kampreeeettttt tenaaann...* asemmmm koweee.....!!! Iki dudu Kopi Kucing, mbang....
Tapi telek kucing...
Mukidi : ngguyu kemekel nang njero ati........ gegegegegrrrrr
*BAGEKNO DAGELAN IKI, KONCOMU BEN GAK STRESSS.......*
Sunday, March 5, 2017
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
0 comments:
Post a Comment