Sunday, November 20, 2016

WONG SUGIH KARO WONG MELARAT KUWI PANCEN BEDO

(creatted by : Madan.  From tauziah : Kh. Anwar Zaid)
.
.
Mangkat iring kemanten wae wis ketok bedo..
Ibu-ibu yen mengiring kemanten yo dibedak-bedakno,
sing sugih bolo sugih, sing melarat yo diklumpukne karo melarate.
.
Sing sugih-sugih ditumpakne mobil sing apik-apik, mobil mewah-mewah, bangsane mobil Jenio, Pajero, Hamer, Lenkruser, Portuner, Inova, Avansa, Senia, Merci, Epivi, Cervi, Terios, Rus, Honda jes, iku sing sugih-sugih..!!
.
sing numpak mbak Ika, mbak Sinta, mbak Widia, mbak Yanti, mbak Tuti, mbak Mike, mbak Ema, mbak Erna, mbak Tasya, mbak Sindi, mbak Risma, mbak Siska, mbak Susi, mbak Lili..!!
.
Tapi nek sing melarat koyo :
Sutiyem, Ratemi, Supiah, Tasmini, Rumijah, Paenah, Katiyah, Sumiati, Sumaytun...
ditumpakno colt bak material, nek perlu diusungi nganggo Tossa opo Viar (motor roda 3 mburi ono bak'e). Pancen ra podo!!
.
sangune wae ra podo, sing sugih-sugih numpak mobil mewah, sangune yo enak-enak....buah Pir, Apel, Jeruk, Duren, Duku, Klengkeng, Anggur....ngombene yo Fanta, Koka-kola, Sprait, Mison, karo Pokari swit, iku wong sugih.
.
Lha sing melarat-melarat numpak colt bak sangune yo arem2, Onde-onde, Lemper, Gedang goreng, Tahu isi, Tempe gembus, sing penting Lombok'e sing wakeh..!!
Ngombene Es teh diwadahi plastik, ditaleni, yen ngombe dicokot pojokane..!!
.
Tekan nggon kemanten yo bedo...
.
sing mudun seko mobil apik yo ketok gandes, luwes, lemes, pantes, pancen wong sugih. Mudun nganggo sandal jinjit dowo koyo artis, dengkule di ciutno, bokonge dijentitno, susune diunjukno, menthek-menthek.., gelungane rambut gede podo koyo bane praoto, mudun nyangklek tas karo nyekeli dompet, mlakune tit...njentit...jentit...jentit...jentit.., mlaku karo pamer gelang nganti iso muni gelange....krimying...,krimying...,krimying....,gela gelo, lambene pencap-pencep.
.
Lha sing melarat mudun seko colt bak material wis ora rupo menungso, lambene nyonyor kabeh mergo entek mendohan enem lombok'e pat likur, mongah-mongah lambene njedir kabeh, jontor dewe-dewe. Rambute mosak-masek keno angin, keringet mruntus jrojosan sesek-sesek'an nang colt bak material, Celak'e ndlewer tekan pipi, lipstik munggah nang mripat, mudun seko colt bak material sandal jepite nganti iso kleru, sing tengen sandale rupane abang, sing kiwo rupane kuning, ngono kuwi esih dikongkon nyangking kerdus...trus serbet di slempang no nang pundak...selendang e di gulung nang ndas.....!!!
.
.
Seng ora ngerti boso jowo ora usah melok ngguyu ...
Keuuuseeelll aku ngetik e...huufftt..!!
😄😄😄v

0 comments:

Post a Comment