(Catatan kange)
Sak iki mempengo (sungguh-sungguh) sing tenanan mawon, mbah kyai makhrus mboten gadah ijazah, ibtida' mawon mboten gadah, mbah Kyai Abdul karim nopo maleh, belas mboten gadah ijazah, sekolah mawon mboten nate, lha tapi kok koyo ngono pangkate … lha niki teko njero niku, dadi sing di atur niku njerone ojo njobone, njerone di toto sing bener , olehe ngaji nglakoni prentahe gusti Allah ta'ala nderek prentahe kanjeng Nabi olehe golek ngelmu bener bener kanggo taqqoruban ilallohi ta'ala mengke Gusti Allah sing noto… ngoten lo … dadi ojo sampe sampean sekolah (ngaji) lajeng tujuane golek ijazah gawe nyambot gawe … Ya Allah niku "lam yurih roihatal jannah" (tidak akan mencium bau surga) wong sing tujuane sekolah (ngaji) golek ngelmu, mestine ngelmune iki kanggo ngibadah nyang gusti Allah kok niate kanggo golek bondo , iku ora bakal ngambu ambune suwargo, ngambu mawon mboten, npo maleh mlebu. mbah kyai makhrus pesen pesen sak estu niku ...
Thursday, July 13, 2017
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
0 comments:
Post a Comment